Rabu, 18 November 2009

Karang Taruna dan Muda-mudi Songbanyu Ikuti Lomba Geguritan


Belum lama ini, tepatnya pada 15 November 2009, Karang Taruna Songbanyu beserta muda-mudinya berpartisipasi dalam Lomba Baca Geguritan Tingkat Nasional, di Puro Pakualaman Yogya.  Ratusan orang peserta. Muda-mudi kita mendapatkan Penghargaan sebagai Peserta Kehormatan. Berikut salah satu Geguritan/sajak yang dilombakan:




Gurit Piweling


Dening : Akhir Luso No
Katur:
Sri Sultan HB IX
Sri Paduka Paku Alam VIII


Dumeling araning pepeling
Jlantraning pejuang kang wis manjing
Ing alam kelanggengan
Ora ateges ora ana
Ananging sejatine ana
Darbe lelabuhan toh nyawa
Mbelani nusa lan bangsa

Ana kang ora ana
Ora ana ing papan sing ngegla
Kamangka sejatine jati
Ana ananing ana
Ana pejuang
Kang tansah makantar
Ngupiya uruping rasa
Urip mbelani nusa bangsa
Nganti tekan ing endi?
Ngulati polahing putra, wayah, buyut,  canggah uga udheg-udheg siwur
Sing pating penthalit kelangan rasa

Nangis sejatine
Njerit kuwi mesthine
Pandonga tansah kasurung
“Dhuh Gusti paringana pangapura anak, wayah, buyut lan canggah ingkang taksih mecaki gesang ing alam donya menika. Paringana eling kang tansah ngugemi pepeling. Luhuring budi lan mangertosi dununging barang ingkang aji”
Aji ajining aji
Lan tansah ngemuti
Hangrungkebi prapejuang
Dimen kinalungan kabegjan
Ing alam liya dudu ing donya
Aja tansah disiya
Ruktinen kanthi premana
Aji-ajining jati dhiri kuwi malati
Yen kasingkur ana buri

Mula eling mring gurit piweling
Mugya emas kang wus sumare ing kasuwargan jati:
Sri Sultan Hamengkubuwono Kaping IX
Sri Paduka Paku Alam Kaping VIII
Kasinengkakake pinangka:
Tirta kencana
Pahlawan Nusa Bangsa
Dadya inspirasi
Marang para muda taruna

Tidak ada komentar:

Posting Komentar